PAMBUKA TEMANTEN
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulilah, alhamdulilahirobbil ‘alamin. Wasolatu wasala mu’ala asrofil amya’in wal mursalin. Wa’ala alihi wasshohbihi aj’main. Amma ba’du.
Madyaning suka pawiwahan ingkang sami lelenggahan saha kinurmatan.
1. Panjenenganipun para pepunden, para sepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti. Dhumateng pepoyaning kautaman ingkan pantes pinundhi saha kinabekten.
2. Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya.
3. Para priyagung pangemban pangembaning praja satriyaning negeri ingkang tansah dados pandam pandoming kaula dasih.
4. Dhumateng para kyai, alim ulama ingkang tansah sinandhing kitab suci wahyuning Ilahi ingkang pono ing pawasan lebda ing pitutur, kiblat ing panembah.
5. Para lenggah kakung sumawana putri ingkang dipun mulyaken dening Allah.
6. Para kadhang sadulur ingkang bagya mulya.
Saderengipun kulo matur wonten ngarso jengandiko sami, kulo langkung rumiyen nyuwun agunging samudro pangaksami, awit kulo kumawantun ngadhek tranyak-tranyak wonten ngarso jengandiko sami ingkang sampun milar subosito miwah tebih saking kudaning negari, kulo hanetepi jejibahan wonten ing luhuring pawiwahan ing siang punika.
Kulo piniji mbeto kendalipun woro, jumeneng wonten ngarsanipun panjenengan minangka protokol utawi MC. Saderengipun rantaman adicara badhe kulo aturaken, monggo kito sesarengan ngunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT wonten ing siang puniko. Ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, karohmatan nyatanipun kulo lan panjenengan sami saget makempal manunggal jumurung ngarso hanenggih ngrawuhi menopo ingkang dados undanganipun Bapak…………. sarimbit garwo. Ingkang saperlu paring idhi berkah pangestu dhumateng kaki lan nini temanten.
Wondene rantaman ingkang badhe katur :
1. Pambuko
2. Manten putri mijil
3. Bedhol kembar mayang
4. Pasrah
5. Panampi
6. Daup/panggih
7. Adad
8. Pambagyo harjo
9. Kirab 1
10. Kirab 2
11. Do’a panutup
Mekaten menggah adicara ingkang badhe katur. Kulo minangko wakil saking hamengkugati nyuwun gungan dhumateng ngarso jumandiko sami, kersoho hanjenengi luhuring pawiwahan ing siang puniko. Kulo sifate manungso limrah bebasan tebih saking kesampurnaan cinaket saking kekhilafan kulo nyuwun agunging samudro pangaksami nuwun kaula nuwun.
Mangga kita sami-sami mlampahi reroncening adicara ingkang kapisanan inggih punika pambuko. Mangga kita bikak adicara ing siang punika kanthi waosan Basmalah sareng-sareng. Bismillahirrahmannirahiim.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar