Kronologis Acara Dauping Temanten
1. Pambuka, nggih
menika MC mbikak acara wiwit saking salam ngantos waosan basmalah sesarengan.
2.
Calon Penganten Wanita (CPW) mijil, nggih menika CPW mijil saking panti busana kakanthi manjing sasana
rinengga kaliyan tuyang sepuhipun, CPW digandheng pemanis diiringi musik
gending Jawi.
3.
Miose bogar jenar, nggih menika
ibu-ibu saking pepungkuran (pawon) tumuju marang sasana rinengga ngaturaken
sekul manten wondene ingkang mbeto pager ayu saha pager bagus.
4.
Bedhol kembang mayang, nggih menika
utusan nyuwun ngampil kembang mayang marang ingkang gadah damel, kagem
nyowanaken Calon Penganten Pria (CPP), wondene ingkang mbeto pager bagus.
5.
Pasrah CPP, nggih menika
wakil saking CPP maosaken sambutan kaliyan maringaken seserahan marang CPW.
6.
Panampi CPP, nggih menika
pidato saking tiyang sepuhipun CPW menawi nampi CPP kaliyan seserahanipun.
7.
Daup utawi panggih, nggih menika
Penganten Pria (PP) kaliyan Penganten Wanita (PW) pepanggihan.
8.
Mapak besan, nggih menika
PP kaliyan keluarganipun mara dhateng keluarganipun PP
9.
Adad
(i)
Bobot timbang utawi krobongan, nggih menika Bapak saking PW mangku putrinipun kaliyan mantunipun,
kangge simbol menawi rasa tresna dhateng putrinipun kaliyan mantunipun niku
sami.
(ii)
Kacar kucur, nggih menika
PP maringaken wos dumateng PW, artosipun piyayi kakung kedah maringi gaji utawi
hasil dumateng tiyang putri.
(iii)
Sungkeman, nggih menika PP kaliyan
PW nyuwun pangestu dumateng tiyang sepuhipun PP kaliyan PW.
10. Pambagyo harjo, nggih menika pawongan ingkang ditunjuk tuan rumah
kagem maosaken pidato ingkang isinipun panuwun.
11. Kirab 1+2
(doeloe), nggih menika PP kaliyan PW santun busana saking
busana kinalindran dhateng busana satriyatama.
12. Doa panutup, nggih menika ulama utawi MC maosaken donga kagem
penganten kekalihan, lajeng MC nutup acara kanthi waosan hamdalah sesarengan.
terimakasih mbak ranee... :)
BalasHapusterima kasih rani,, ^^
BalasHapus